Kiai se-Jawa Madura Nyuwun Pembubaran Ahmadiyah
PASURUAN - Halaqah Majelis Silahturrahmi Pengasuh Pondok Pesantren Indonesia (MSP3I) se-Jawa lan Madura nyuwun dateng pamarentah supados enggal mbubaraken Jemaat Ahmadiyah.
Majelis alim ulama ugi ndawuhaken supadod ngendek sedoyo mawon kegiatan lan penyebran kegiatan Ahmadiyah.
"kangge nyegah kedadosan kekerasan lan njagi keamanan negari, majelis silahturrahmi kyai nyuwun dateng pemerintah mbubaraken Ahmadiyah .pangandikanipun , KH Fachurrozi, Ketua MSP3I Jatim ingkang ugi pengasuh Ponpes An Nur, Bululawang Malang, Jumat (11/2/2011).
Halaqah alim ulama di Ponpes Sidogiri, Kraton Kabupaten Pasuruan, kolo wingi, ugi nyuwun dateng pemerintah supados SKB TigoMenteri No 3 tahun 2008 dados Undang-undang pelarangan ajaran Ahmadiyah. dateng masyarakat, dipun imbau supados mboten gampil dipun provokasi kawontenan puniko terutami masalah sara.
Halaqah poro sesepuh Ponpes niki dipun dugeni 130 ulama lan kyai khos. antawisipun KH Abdullah Faqih (Langitan Tuban), KH Achmad Subadar (Pasuruan/Rais Syuriah PBNU), KH Nawawi Abdul Djalil (Sidogiri, Pasuruan), KH Miftahul Ahyar (Rais Syuriah PWNU Jatim), KH Abdussomad Bukhari (Ketua MUI Jatim), KH Pangadilan Daulay (MSP3I Jakarta), KH Fuad Nurhasan, KH Bachruddin Thayyib (Pasuruan), KH Fachri Abdullah Sachal (Bangkalan).
Serat rekomedasi poro alim ulama niku wau ajeng dipun kintun dumateng Presiden lan DPR/MPR. Poro ulama ugi gadah pangarep-arep supados pamarentah enggal kemawon mbubaraken jemaat ahmadiyah ingkng sampun nyesataken puniko.Ketua MUI Jatim, KH Abdussomad Bukhari ugi mratelaaken , intinipun masalah kolo wau inggih saking ajaran ahmadiyah ingkang sesat lan mboten dipun larang kalian pemerintah.
Tampilkan postingan dengan label jawa. Tampilkan semua postingan
Tampilkan postingan dengan label jawa. Tampilkan semua postingan
Jumat, 11 Februari 2011
Selasa, 23 Februari 2010
contoh pranotocoro
-->
Assalamualaikum wr.wb
Allhamdulilah allhamdulilah robbil ‘alamin assollatu wassalamu ‘ala asrofil ambiyai warmursalim waala alihi wasohbihi ajmain amma ba’du
-Wabil muqoddimah,hadrotal muhtaromin,poro alim ulama’ ingkang tansah kulo taati.
-wabil khusus panjenenganipun …………………………..
-Poro bapak poro ibu,hadirin kakung sumowono putri ingkang dipun mulyaaken ALLAH WST
Sumomggo kito tansah ngunjuaken puji syukur wonten ngerso dalem ALLAH SWT,ingkang sampun pareng pinten –pinten kenikmatan dumateng kito sedoyo, khususipun nikmat iman lan islam
Sholawat soho salam mugiyo tansah katur dumateng junjungan kito Nabi Agung Muhammad SAW.
BI QOULINA ALLAHUMA SOLLI WASALIM ‘ALA SAYIDINA MUHAMMAD
Kanthi waosan sholawat meniko mugiyo kito dados umatipun ingkang angsal syafaatipun mbenjeng wonten dhinten kiyamat ,Amin.
Poro hadirin ingkang kinurmatan .Wonten mriki kulo imgkang kajibah minangkani pranoto acoro,badhe ngaturaken reraci’ing acoro………………
Langganan:
Postingan (Atom)